Nuju
sawijining dinten agung lan ferza wonten ing krajaan ngwontenake
parepatan kangge ngrembag babagan nikahane agung kaliyan ferza. Ananging ira sedereke ferza ora seneng yen agung kaliyan ferza nikahan banjur dheweke lunga saka
krajaan kanggo nemoni nuraini.
Ira : “Aku pengen adhiku dadi keong. Cepet saiki!”
Nuraini : “lha napa koe
pengen ahimu dadi keong?”
Ira : ”ferza wes ngrebut agung saka aku,
aku ora pengen ngerti ferza dadi agung.”
Nuraini : “inggih,nanging
ana syarate!”
Ira : “Apa wae
syarate bakal tak lakoni, asal Agung bali karo aku.”
Nuraini : “Koe kudu lunga
neng Gunung Kulon lan nindakake tapa 7 dina 7 wengi.”
Ira : “Gur koyo
ngono? Gampang bakal tak lakoni. Tapi detik iki Ferza kudu dadi keong.”
Nuraini : “Ananging yen
Agung isoh nemokake Ferza, kutukan iki bakal ilang. Lan yen Agung tenanan
tresna karo Ferza, Agung ora bakal bali karo koe meneh.”
Ira : “Sng penting
Ferza dadi keong, lan ora ketemu Agung.
(Ing
sawijining dina, ana wong tuwa utawa rondo tuwo sing diarani mbok randha
dadapan sing lagi golek iwak nganggo jala ing kali.)
Mbok Randha
: “Rasa-rasane dina iki aku pengin mangan iwak. Ah … coba tak golek iwak nang
kali nganggo jala, mesthi luwih cepet entuk katimbang nganggo pancing.”
(Saktekane
ing kali…)
Mbok Randha
: “kira-kira sing akeh iwake ngendi ya?”
(Mbok Randha
Dadapan banjur nggolek pakan iwak, supaya iwake pada teka lan gampang
dijupuk nggo
jala. Nanging dheweke malah nemokake keong kang warnane emas sing nyangkut ing
jalane. Keong mas banjur digawa bali karo mbok Randha Dadapan.)
Mbok Randha
: “saiki wis siap ngolek iwak nganggo jala, tapi kok iki kaya ana sing
nyangkut, eh apa iki, kok koyo keong tur wernane keemasan, apa tak gawane
mulih wae.”
(Sakwise
tekan ngomah, keong mau banjur disimpen ana genthong. Dina sesuke, mbok Randha
nunggu-nunggu iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe iwake ora
njedhul-njedhul. Mbok Randha Dadapan banjur bali menyang ngomah.)
Mbok Randha
: “kok dina iki ora akeh iwak, apa bali mulih wae.”
(Saktekane
ing ngomah Mbok Randha Dadapan kaget amarga neng meja pawone wis ana panganan
kang enak-enak dheweke kaget banget.)
Mbok Randha
: “We, saka ngendi tekane panganan iki, sapa sing masak mau?”
(Mbok Randha
ngubengi omahe, ora ana wong siji-sijio dheweke tambah bingung mikir asale
panganan kuwi. Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara supaya ngerti sapa sing
menehi panganan kanggo dheweke.
Sesuke Mbok
Randha ethok-ethoke lunggo neng kali, padahal dheweke menyang mburi omah pengin
ngerti asale panganan akeh kuwi. Mbok Randha Dadapan kaget amarga keong mas
sing neng genthong ngerti-ngerti dadi manungsa. manungsa mau banjur masak lan nyepakake
panganan neng meja. Mbok Randha Dadapan banjur nemoni.)
Mbok Randha : “Kowe sapa cah ayu? Kok iso keong alih dadi koe? Saka
ngendi asalmu?”
Ferza : “Kula putri ferza saking
Kraton Daha ingkang disihir dados keong mas
dening mbah dukun ingkang kautus dening sedherek
kula.”
Mbok randha : yawis, koe saiki nang kene wae, rasah mulih
nang kraton daha, merga yen
sedherekmu reti koe ijeh urip mesti ora
seneng.
Ferza : inggih
(Sakwise
njawab pitakonan saka Mbok Randha Dadapan, ferza banjur malih maneh dadi keong mas. agung ngerti
menawi ferza ilang. Dheweke
banjur madosi ferza kanthi
nembo-nembo dadi wong cilik.)
Agung : “Waduh ferza ana ngendi koe ki? Kok tak
goleki ora isoh temu – temu.
Nuraini : “Raden, panjenengane badhe tindak
pundi?”
Agung : “Aku arep nggoleki ferza ana apa
kowe kok ngalangi lakuku.”
Mbah Dukun : “Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi pirsa bilih ferza wonten ing tengah
alas.”
Agung : “Apa bener?”
Nuraini : “Inggih Raden!”
Agung : “Tak cekel
omonganmu!”
(Ing dina kang pada, Ira uwis rampung kang tapa. Ira banjur nemoni Nuraini
nagih janjine.)
Ira : “Mbah,,koe
neng ngendi?”
Nuraini : “Aku neng kene.”
Ira : “Aku wis
nglakokake syaratmu, saiki Agung neng ngendi? Agunng ora sido dadi karo Ferza
to?”
Nuraini : “Ngapunten,
jalaran cinta sejati ora bakal kalah karo kekuatan kanga ala.”
(Wonten ing
dadapan agung mampir ing salah sawijining gubuk arep mampir
ngombe. Dheweke weruh ferza ing njero gubuk kuwi.)
Agung : “Wah ngelak ki aku. Mampir disik wae lah. Kulo nuwun…!”
ferza
: “Mangga wonten perlu napa?”
agung
: “eh, ferza,,,
koe ferza kan?”
ferza
: “Inggih, kula Raden.”
agung
: “Aku nggoleki awakmu nganti
ngendi-ngendi, kepriye critane awkamu iso
tekan kene?”
agung
: “Niku Raden kula dipun kutuk dadi
keong mas dening nuraini lajeng kula diopeni kaliyan Mbok Randha Dadapan
wonten mriki.”
agung
: “Nistha temen kelakuane Dukun
kuwi, sakiki dening aku wis nemukake awakmu ayo balek nang krajaan karo aku.”
ferza
: “inggih Raden.”
Agung lan ferza bali bareng nang kerajaan.
Bersambung…..
0 komentar:
Post a Comment